Sabtu, 12 Oktober 2013

Mantu

Neng tanah jowo iki sering ono istilah, nek digotak gatik biasane cocok, contone ono istilah Mantu, sing dieman-eman mesti metu, bisanae  wong tuo ngeman eman anggone duwe anak wedok, anakke awit cilik diopeni, disekolahne, dididik kanthi apik, banjur wis gedhe terus dirabi anakke wong liyo, akhire barang (anak) sing dieman-eman bakal metu soko omahe dewe,,,alias diwehke wong liyo (dirabekne)

Mantu istilah kanggo keadaanne wong tuwo sing ngrabekke anakke, yen manthen kuwi yoiku sing dadi obyekke  Mantu
Mantu kuwi bisanane dadi peristiwa kang sakral, suci, lan ditunggu-tunggu dening  wong sing durung rabi, biasane urif dewe, turu dewe, yen wis rabi dadi ono koncone , dadi ono garwane , seolah sigarane nyowo, amergo dadi konco berjuang urip neng  ngalam dunyo tumuju neng akhirat.
Mantu kuwi kadang gawe seneng  kadanggawe susah ,maksude nengmasyarakat kadang ono sing malah sambat  ora duwe duit ngge jagong (nyumbang) , yen mantune diramek-ramekke. Padahal kudune ono kabar Mantenan kuwi yo pantese melu seneng amergo mantenan kuwi bisane diarep-arep  lan akeh keberkahane.  bedo keadaane nek karo acara kepaten (takziah) ..podo ramenen  ananging bedho keadaane.
singjelas nenk ono dulur, tonggo, konco sing  mantu (mantenan) ojo eman-eman duitmu opo bekalmu ngge nyumbang (mbecek) neng sing duwine Hajat .


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Matur Nuwun