Minggu, 06 September 2020

entuk jajan soko bakul sego pecel

Bocah biasane seneng yen ditukokke Jajanan, entah tradisional utowo modern,
Biasane yen bapakke lungo mulih ditakoni nggowo opo..? 

Iki wingi entuk soko juragane pecel jego
Bocah bocah ben seneng

Sabtu, 29 Agustus 2020

Cangkriman

Cangkriman iki unen une sing kudu dibedhek/dibatang/ditebak, mulo disebut ugo bedhekan (tebakan)
1.Cangkriman Wancah
2.Cangkriman pepindhan
3.Cangkriman wujud Tembang

Conto wancah:
Pak Boletus : tepak kebo lelene satus
Burnaskopen : bubur panas kokopen
Pak Lawa : tepak ulo dawa

Conto pepindhan:
Pitik walik sobo kebon 👉nanas
Lowo lima, kalong telu dadi piro? 👉 8

Rabu, 13 Mei 2020

es buah ketok seger yo

Yen musim poso ngene iki akeh bakul ing pinggir ndalan,bakul jajanan, es buah, dawet
Lan aneka panganan

Iki contone neng kidul wetane masjid al iman (tk nurul iman) Jetis Sidoagung Godean
Sak bungkus limang ewu ( 5000)


20 Ramadhan 1441 
RABI13 Mei 2020

Sabtu, 02 Mei 2020

sasi poso 1441 H

Poso romadhon 1441 H tibo mulai dino kemis 23 April 2020,
Poso iki bedho tinimbang tahun kepungkur, iki musim covid19, dadi akeh sing tarawih neng ngomah, pengajian online, kopdar online..

Sholat neng mesjid khon jogo jarak, disaranke nganggo masker 
Biasane akeh acara buko bebarengan..
Ananging sak iki akeh sing buko neng omahe dewe dewe