Senin, 30 September 2013

Kebiasaan Moco Buku

Moco Buku iku iso nambah kepinteran lho, nek pingin moco buku gratis sering wae neng gramedia ..iso moco-moco tho meskipun ora tuku. neng indonesia kuwi sing sering diwoco uwongakeh yoiku koran, padahal isini korang akeh berita politik, kriminal, korupsi, ,,makanane nambah ilmu sing podho moco..

Pilihan Pemimpin

Neng negoro Indonesia kuwi sing nganut sisitem Demokrasi, biasane nek  milih pemimpin biasane sisitem pemilihan langsung (pemilu) yoiku nyoblos calon sing macung (nyalon) biasane nek jaman mbiyen mungkin amergo nyetak gambar wajah (photo) larang..terus kertas calon bisane nganggo simbol tanduran (buah)..misalnya Kates, kambil, pari, lan sak pinunggalane..
ngono kuwi bisanen nek pilihan neng tatanan pemerinatahan deso, ananging ing jaman sak iki..milih gubernur, bupati, presiden..nganggo sisitem pemilu langsung,
dadi akeh ragate

Jumat, 27 September 2013

Pit Onthel ing Gunung Kidul

zaman mbiyen, Pit Onthel kuwi dadi sarono tumpakan nek lelungan rodo adhoh, ugo  dienggo neng sawah ngge ngakngkut pakan sapi.., panen, lana sak pinunggalane. Pit Onthle dadi kendaraan wong sing duwe  (neng kampunge).
Anaging ing jaman modern iki, pit onthel malah larang reganae. Wong ndeso yo wis mulia numpak motor lan angkutan umum nek lelungan adhoh.
sebagianing panggonanm sing ngenggo pit onthel, malah akeh sing wong sugih lan duwe komunitas Onthel, biasane kumpul  ngepit bareng  yen dino libur.

Dino Pasaran Jowo


Dino Pasaran  kuwi miturut kalender jowo biasane, mongko ono Kliwon, Pahing, Pon, Wage, makane  pasar (peken) tradisonal kadang buka miturut dino pasaran, misal Pasar Wage, Pasar Legi, Pasar Kliwon, Pasar Pon, dadi dinane iso berubah ubah...semisal pasar legi kadang bukane pas Senin Legi, seloso Legi, Rabu Legi, Kamis Legi, Jemah Legi, Setu Legi, Ahad Legi...dadi buka liamng dino pisan (sikluse)
Ananging jaman sak iki akeh pasar sing buka saben dino..ananging ramene pas dino pasarane (biasane)..

Dodolan Jamu Herbal

wedang uwuh
Sehat kuwi yo larang regane, ananging nek pas loro (gerah) ..luwih larang ..amergo butuh biaya sing akeh kanggo  berobat. , Ananging  lek wayah sehat biasan lali maring awakke, padahal awak (rogo) iku perlu dirawat, dijogo kanti apik, yo perlu panganan sik apik, perlu istrihata, perlu olah raga, perlu pijet nek pas kesel, lan sak pinunggalane,, selain kuwi yo pikiran lan ati (manah) kudu ditoto kanti jejeg, lulur, lan mantep ing kaleresan.

Ngayogyakarta

Jeneng "Yogyakarta" iku sale soko kata Ayodya lan Karta,   Ayodya dijupuk soko sawijineng jeneng  kerajaan ing kisah Ramayana, kosakata  " karta "  duweni makan Rame..Kanti ditandatanganine Perjanjian Giyanti (13 Februari 1755) ing antarane Pangeran Mangkubumi lan VOC ing pemerintahane Gubernur-Jendral Jacob Mossel, mongko Kerajaan Mataram dipecah dadi 2. Pangeran Mangkubumi diangkat dadi i Sultan kanti gelar Sultan Hamengkubuwana I lan nguasani setengah daerah Kerajaan Mataram. sementara kuwi Sunan Paku Buwono III tetep kuoso ing separoh daerah liane kanti jeneng anyar Kasunanan Surakarta lan daerah ing pesisir tetep dikuasai Walando (VOC..)

Sugeng Rawuh


Sugeng Rawuh ing Blog Serat Jawi
mugo mugo saget dadosno sarana informasi engkang migunani dumatheng panjenengan sedoyo
ing blog niki kulo badae latihan nulis kantho boso jowo
Ananging  sagete taksih campuran...ngoko  lan alus..

Matur Nuwun
 Dinten Jumah, 27 September 2013 / 21 Dzulqoldah 1434 H