Sabtu, 28 Juni 2014

1 Ramadhan 1435 , dawah ing 29 Juni 2014

Pengumuman hasil sidang Itsbat menteri agama
posonipun 29 Juni 2014

Minggu, 01 Juni 2014

Wulan Sya'ban , sing biasane dijuluki RUWAH

Sak Iki dino Ahad (minggu) , 1 Juni 2014, 3 Sya'ban 1435 H, nek wong jowo bisane nyebut wulan ruwah...
biasane wong "kejawen" ngirim donga ing leluhur ing wulan ruwah iki kanthi nyekar,,
Ruwah kuwi mungkin maksude Ngaruhi Arwah....
aku yo kurang paham..luwih rincine..

Kamis, 16 Januari 2014

Tanggal Abang ing Januari 2014

Ing tahun iki, ono 3 tanggal abang dino libur sakliyane ahad, yoiku tanggal abang amergo tahun anyar masehi, maulid nabi, lan Imlek,
Kanggo wong sing lagi sekolah, kuliah, kerjo iso seneng amergo akeh libure.

Minggu, 01 Desember 2013

dino mengeti AIDS

neng donya iku yo aneh aneh..ono sing  ngenekke pengetan ,l nek  tanggal 1 Desember dipengeti Dino AIDS,
nek kabeh kedaden, penyakit, kepathen, didadekne dino penting lang dipengeti..yo saben dino ono pengetan

Senin, 25 November 2013

Tetel Gedhang

iseh mentah 
Wong ndeso kuwi biasane iseh seneng karo panganan sing digawe dewe, lan bahan dasare alami,
Tetel Gedhang yoiku panganan sing digawe soko Gedhang diriiss cilik-cilik , diaduk karo tepung beras, ditambahi gulo , uyah, sak itik, dibungkus godhong gedhang , banjur dikukus (didang) sampai mateng

Rasane yo enak lan maregki...
cobane deh...modale ora akeh
mugo-mugo migunani kanggo pamiyarso ing blog ini



iki contone wis mateng



Kamis, 24 Oktober 2013

Jemblem, panganan ndeso bahane soko Telo

Jemblem kuwi  enakke dipangan pas anget-anget,ananging nek wis adem yo tetep enak..kok..

bahan dasare telo,,,diparut  dicampur karo parutan kambil....
dicampur uyah sitik ,
jerone diwehi gulo abang....

digoreng nganggo minya goreng sing iseh apik...

ENAK....

Sabtu, 12 Oktober 2013

Mantu

Neng tanah jowo iki sering ono istilah, nek digotak gatik biasane cocok, contone ono istilah Mantu, sing dieman-eman mesti metu, bisanae  wong tuo ngeman eman anggone duwe anak wedok, anakke awit cilik diopeni, disekolahne, dididik kanthi apik, banjur wis gedhe terus dirabi anakke wong liyo, akhire barang (anak) sing dieman-eman bakal metu soko omahe dewe,,,alias diwehke wong liyo (dirabekne)