Sabtu, 20 Juni 2015

Wulan Ramadhan 1436 H


Ing wulan Juni niki, Umat Muslim nglampahi  ibadah siyam ramadhan awit Kamis 18 Juni 2015.
ketingalipun sami kompak anatara keputusan pemerintah lan ormas Islam engkang ageng,,, kadios NU, Muhhamadiyah...

Kathah pengaosan (kajian) ing wulan meniko, biasanipu wonten kajian jelang buka Puasa (sakderengg Maghrib) kajian Ba'da sholat Isyak lan ba'da Shubuh

Mugi mugi ibadah kito sedoyo katampi kanthi sempurna dening Allah

Sabtu, 17 Januari 2015

Tepung Bumbu Qrezzpy

Ibu -ibu ,,biasanipun sering masak kagem keluarganipun,  biasanipun wanci enjang  dhahar  sekul lan  laukikpun tempe ..nggih?
engkang bade ngraosaken tempe engkang digoreng damel bumbu tepung qrezzpy ..monggo coba kemawon piyambak.
bumbunipun saget tumbas ing toko almishbah
ing botokenceng
nek taksih bingung lokasinipun saget sms ing 085725881971

Sabtu, 28 Juni 2014

1 Ramadhan 1435 , dawah ing 29 Juni 2014

Pengumuman hasil sidang Itsbat menteri agama
posonipun 29 Juni 2014

Minggu, 01 Juni 2014

Wulan Sya'ban , sing biasane dijuluki RUWAH

Sak Iki dino Ahad (minggu) , 1 Juni 2014, 3 Sya'ban 1435 H, nek wong jowo bisane nyebut wulan ruwah...
biasane wong "kejawen" ngirim donga ing leluhur ing wulan ruwah iki kanthi nyekar,,
Ruwah kuwi mungkin maksude Ngaruhi Arwah....
aku yo kurang paham..luwih rincine..

Kamis, 16 Januari 2014

Tanggal Abang ing Januari 2014

Ing tahun iki, ono 3 tanggal abang dino libur sakliyane ahad, yoiku tanggal abang amergo tahun anyar masehi, maulid nabi, lan Imlek,
Kanggo wong sing lagi sekolah, kuliah, kerjo iso seneng amergo akeh libure.

Minggu, 01 Desember 2013

dino mengeti AIDS

neng donya iku yo aneh aneh..ono sing  ngenekke pengetan ,l nek  tanggal 1 Desember dipengeti Dino AIDS,
nek kabeh kedaden, penyakit, kepathen, didadekne dino penting lang dipengeti..yo saben dino ono pengetan

Senin, 25 November 2013

Tetel Gedhang

iseh mentah 
Wong ndeso kuwi biasane iseh seneng karo panganan sing digawe dewe, lan bahan dasare alami,
Tetel Gedhang yoiku panganan sing digawe soko Gedhang diriiss cilik-cilik , diaduk karo tepung beras, ditambahi gulo , uyah, sak itik, dibungkus godhong gedhang , banjur dikukus (didang) sampai mateng

Rasane yo enak lan maregki...
cobane deh...modale ora akeh
mugo-mugo migunani kanggo pamiyarso ing blog ini



iki contone wis mateng