Kamis, 16 Januari 2014

Tanggal Abang ing Januari 2014

Ing tahun iki, ono 3 tanggal abang dino libur sakliyane ahad, yoiku tanggal abang amergo tahun anyar masehi, maulid nabi, lan Imlek,
Kanggo wong sing lagi sekolah, kuliah, kerjo iso seneng amergo akeh libure.

Minggu, 01 Desember 2013

dino mengeti AIDS

neng donya iku yo aneh aneh..ono sing  ngenekke pengetan ,l nek  tanggal 1 Desember dipengeti Dino AIDS,
nek kabeh kedaden, penyakit, kepathen, didadekne dino penting lang dipengeti..yo saben dino ono pengetan

Senin, 25 November 2013

Tetel Gedhang

iseh mentah 
Wong ndeso kuwi biasane iseh seneng karo panganan sing digawe dewe, lan bahan dasare alami,
Tetel Gedhang yoiku panganan sing digawe soko Gedhang diriiss cilik-cilik , diaduk karo tepung beras, ditambahi gulo , uyah, sak itik, dibungkus godhong gedhang , banjur dikukus (didang) sampai mateng

Rasane yo enak lan maregki...
cobane deh...modale ora akeh
mugo-mugo migunani kanggo pamiyarso ing blog ini



iki contone wis mateng



Kamis, 24 Oktober 2013

Jemblem, panganan ndeso bahane soko Telo

Jemblem kuwi  enakke dipangan pas anget-anget,ananging nek wis adem yo tetep enak..kok..

bahan dasare telo,,,diparut  dicampur karo parutan kambil....
dicampur uyah sitik ,
jerone diwehi gulo abang....

digoreng nganggo minya goreng sing iseh apik...

ENAK....

Sabtu, 12 Oktober 2013

Mantu

Neng tanah jowo iki sering ono istilah, nek digotak gatik biasane cocok, contone ono istilah Mantu, sing dieman-eman mesti metu, bisanae  wong tuo ngeman eman anggone duwe anak wedok, anakke awit cilik diopeni, disekolahne, dididik kanthi apik, banjur wis gedhe terus dirabi anakke wong liyo, akhire barang (anak) sing dieman-eman bakal metu soko omahe dewe,,,alias diwehke wong liyo (dirabekne)

Senin, 07 Oktober 2013

Mlaku-Mlaku


sing duwe kebiasaan mlaku-malkeu biasane otot sikile kuat, sehat, lan ora gampang loyo, neng awak penah, bugar.
dadi olah raga iku yo perlu , ora kur ngandalke gizi wae...
perlu kombinasi metode, koyo olah raga, istirahat, pijet, bekam, mangan, pikiran lan ati sing tenang

Selasa, 01 Oktober 2013

Bodho Besar | Dzulhijjah

Sak iki wis wulan Dzulqo'dah (Dulkaidah) 1434 H,  sedelit meneh wis ngancik wulan Besar (Dzulhijjah), Kanggone wong Islam nek mampu yo disaranke melu Qurban, yoiku mbelih wedhus utowo kewan qurban liyane  koyo sapi, onta, wulan besar biasane wong jowo nnyebut bodho besar utowo riyoyo besar.
amergo ono sholat Idul Adha pantes disebut riyoyo.