Selasa, 01 Oktober 2013

Deso Pintu Kec Jenangan | Ponorogo

Deso Pintu sing tak maksud yoiku  deso ing Kecamatan Jenangan, kabupaten Ponorogo , jowo wetan.. deso kuwi duwe tongo sih wetan jenenge deso Panjeng, neng kidul ono deso Jimbe, neng kulon ono deso Ngrupi, neng siseh lor ono deso Sedah,
Deso pintu duwenu telung dusun . yoiku dusun Krajan, Desan, lan Ngadiro, dusun desan emang sing dadi panggonan fasilitas umum koyo sekolah dasar (SD) , Taman Kanak-kanak (TK), Madrasah Diniyah, Lapangan, Balai Desa,

Jenenge deso bedo karo kelurahan, yoiku pimpinane diangkat kanti coro pemilihan langsung  (coblosan), ing tahun 2013 iki  Masdaroini kepilih dadi Kepala Desane.pas pilohan 7 Mei wingi.
Masyarakan deso pintu roto-roto dadi petani, ananging sebagian ono ugo sing dadi pegawai negeri, pembantu neng luar negeri, kuli neng luar negeri lan ugo ono sing bisnis  koyo dagang sembako, bisnis kayu, toko bangunan, lan liya-liyane.
meskipun ndeso, ananging perkembangan bangunan fisik ora kalahkaro kutho, amergo duwit soko luar negeri akeh sing mlebu neng deso..he.he..
Akeh motor, akeh mobil lan akeh sing duweni rekening Bank.

Ojo lali tilik deso



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Matur Nuwun